mbok menowo isih biso nyawang mbulan
nalika sumilire angin nggawa kidunge sepi
mbok menowo impenku ketemu
paring bungah saksela-selaing dada
dadosipun sajak kebak sak jroning jembare segoro
nembang sekar lukitaning raga
nanging bulane ndlesep ning mburi mendung
awang-awange peteng ndendet
...
pewayang ilang watesing penyawang
pedhut kebak ngaling-ngalingi netro
dadose mung luh lan getih tekaning lamur
ngegambar katresnan kang ngrerintih
nyesek ning dada
nylesep ning ati
pengangen mokal dadi nyata
pedhut kebak ngaling-ngalingi netro
dadose mung luh lan getih tekaning lamur
ngegambar katresnan kang ngrerintih
nyesek ning dada
nylesep ning ati
pengangen mokal dadi nyata
